Adhedhasar konsepsi secara
tradisional laire aksara jawa digathuk ake karo“LegendaAjiSaka” , crita
turun-temurun awujud tutur tinular bab padudon lan perang tandhinge Dora lan
Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa
bebarenga ning Pulo Majeti.
Wusana Dora lanSembada mati sampyuh
ngeres-eresi. Nalika arep angejawa, AjiSaka kang didherekake para abdine sing
jenenge Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lereming Pulo Majeti sawatara suwene.
Sadurunge nerusake laku angejawa, Aji Saka ninggal pusaka awujud keris. Dora
lan Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan
diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing Pulo Majeti njupuk pusaka
kasebut. AjiSaka banjur nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga. Dene
Dora lan Sembada tetep ana Pulo Majeti ngreksa pusaka.
Sawise sawatara lawase, Dora lan
Sembada krungu kabar menawa Aji Saka wis dadi ratu ing Medhangkamulan. Dora
ngajak Sembada ninggalake Pulo Majeti ngaturake pusaka marang Aji Saka. Sarehna
Sembada puguh ora gelem diajak awit nuhoni dhawuhe Aji Saka, kanthi sesidheman
si Dora banjur menyang Medhangkamu lan tanpan ggawa keris.
Marang AjiSaka si Dora kanthi atur
dorawadul warna-warna. Dora kadhawuhan bali maneh menyang Pulo Majeti. Gelem
ora gelem Sembada kudu diajak menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris
pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran panggah ora percaya marang kandhane Dora,
Sembada pungguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan percaya
menawa Aji Saka bakalnetepi janjine mundhutp usakane tanpa utusan.
Lelorone padha padudon rebut bener,
banjur pancaraka perang tandhing rebutan keris. Wasaba Dora lan Sembada padha
mati sampyuh ketaman keris sing dieggorebutan. Sawi sesawatara suwe Dora ora
sowan maneh ngajak Sembada ngaturakekeri spusaka, banjur Aji Saka ngutus Duga
lan Prayoga nusulmenyang Pulo Majeti.
Bareng tekan Pulo Majeti saiba kagete
Duga lan Prayoga meruhi Dora lanSembada padha matiketaman pusaka sing isih
tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi
samestine, Dugo lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gusti neng aturake
pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada. Midhanget ature Duga lan
Prayoga, Aji Saka sakalang rumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut
pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada.
Minagl kapangeling-eling, Aji Saka
banjur ngripta “AksaraJawa” legena cacah rong puluh wiwit HA nganti NGA. HA NA
CA RA KA utawa anacaraka kang artine utusan.DA TA SA WA LA utawa padha suwala
kangartine padudon/pancakara.PA DHA JA YA NYA utawa padha dene digdayane.MA GA
BA TA NGA utawa wasana padha dadi bathang.
`Iku mau konsepsi secara
tradisionalbab kelairan lan panyusunane aksara jawa anyar .Pancen abjad aksara
jawa sing 20 cacahelan disusun dadi patang larik iku, mujudake geguritan sing
gampang diapalake lan dieling-eling ,mligine tumrap sing iwit sinau maca lan
nulis aksara jawa. Abjad sing kaya geguritan lan digathuake karo“
LegendaAjiSaka “ mau saya narik kawigaten bareng dikantheni gambar padudon, perang
tanding lan mati sampyuhe Dora lan Sembada.
Pinter Basa Jawa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar